الحمد لله الذي جعل الجمعة أفضل الأيام فىالأسبوع
واختصه بساعة فيها دعاء مسموع، وقال تعالى (فَإِذَا قُضِيَتِ الصَّلَاةُ
فَانْتَشِرُوا فِي الْأَرْضِ وَابْتَغُوا مِنْ فَضْلِ اللَّهِ وَاذْكُرُوا اللَّهَ
كَثِيرًا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ)، وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له،
خلق فسوّى، وقدّر فهدى، له الأسماء الحسنى والصفات العلا، وأشهد أن سيدنا ونبينا
محمدًا عبدُ الله ورسوله الحبيبُ المصطفى، والرسول المجتبى، والنبي المرتضى، اللهم
صل على سيدنا محمد وعلى
آله الشرفاء، وصحبه الأوفياء، والتابعين ومن تبعهم بإحسان وسار على نهجهم واقتفى، فيا
أيها المسلمون اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وانتم مسلمون، اما بعد.
Ma’asyiral muslimin, jama’ah sholat Jum’ah rahimakumullah.
Monggo kito
senantioso ningkataken iman lan taqwo kito dumateng Allah swt. kanti
saestu-estu, supados kito sedoyo klebet tiyang ingkang muttaqin.
Mboten kraos, wekdal wonten dunyo meniko
terus berjalan kanti cepet sanget. Mulai saking dinten setunggal dumugi dinten
sanese, minggu dumugi minggu ngajenge, bulan dumugi bulan, tahun dumugi tahun
sanese. Sedoyo kolowahu kito lewati kanti mboten katah manfaat ingkang kito
peroleh, kejawi namung ternyata umur kito tansoyo tambah tuo.
Salah setunggale perkawis ingkang sering
kita panggihi ananging jarang kito pundut kemanfaatanipun inggih meniko dinten
Jum’at. Raosipun nembe kemawon kito ngelaksanaaken sholat Jum’ah wonten minggu
kapengker, mboten kraos, sak meniko sampun dumugi dateng ibadah sholat Jum’ah maleh.
Saestu, keistimewaan lan keutamaan dinten Jum’at sering kito sia-siaaken.
Ma’asyiral muslimin, jama’ah sholat Jum’ah rahimakumullah.
Di antara
keistimewaan lan keutamaan dinten Jum’at inggih meniko:
1.
Dinten
Jum’at ingggih meniko dinten ingkang paling mulyo.
Sampun dados ketentuan lan taqdir Allah
swt. kangge mulyaaken pitung Nabi kelawan pitung dinten ingkang mboten sami.
Nabi Musa kelawan dinten Sabtu, Nabi Isa kanti dinten Ahad, Nabi Dawud kanti
dinten Senin, Nabi Sulaiman kelawan dinten Seloso, Nabi Ya’qub kanti dinten
Rabo, Nabi Adam kelawan dinten Kamis, lan Rasululllah kelawan dinten Jum’at.
عَنْ أَوْسِ بْنِ
أَوْسٍ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِنَّ مِنْ
أَفْضَلِ أَيَّامِكُمْ يَوْمَ الْجُمُعَةِ فِيهِ خُلِقَ آدَمُ وَفِيهِ قُبِضَ
وَفِيهِ النَّفْخَةُ وَفِيهِ الصَّعْقَةُ فَأَكْثِرُوا عَلَيَّ مِنْ الصَّلَاةِ
فِيهِ فَإِنَّ صَلَاتَكُمْ مَعْرُوضَةٌ عَلَيَّ قَالَ قَالُوا يَا رَسُولَ اللَّهِ
وَكَيْفَ تُعْرَضُ صَلَاتُنَا عَلَيْكَ وَقَدْ أَرِمْتَ يَقُولُونَ بَلِيتَ
فَقَالَ إِنَّ اللَّهَ عَزَّ وَجَلَّ حَرَّمَ عَلَى الْأَرْضِ أَجْسَادَ
الْأَنْبِيَاءِ رواه أبو داود
Rasulullah dawuh, “Saktemene dinomu sing paling mulyo yoiku
dino Jum’at. Ono dino iku Adam diciptaaken, ono dino iku Beliau tilar dunyo, ono
dino iku sangkakala dipun tiup, milo ngakeh-ngakeho siro kabeh moco sholawat
marang aku, sebab sholawat siro kabeh bakal diweruhno marang aku.” Poro sahabat
sami tangklet, “Despundi sholawat saget diweruhaken marang panjenengan, padahal
panjenengan sampun lebur kalian tanah?” Rasulullah njawab, “Saktemene Allah
swt. ngaramaken bumi saking mangan jasadipun poro nabi.” (HR. Abi Dawud).
2.
Sholat Jum’at saget nglebur doso.
Keutamaan dinen Jum’at salah setunggale, keranten wonten
dinten meniko dipun tindaaken sholat Jum’ah.
عَنْ أَبِي
هُرَيْرَةَ عَنْ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ الصَّلَوَاتُ
الْخَمْسُ وَالْجُمْعَةُ إِلَى الْجُمْعَةِ كَفَّارَاتٌ لِمَا بَيْنَهُنَّ رواه
مسلم
Rasulullah SAW. dawuh, “Sholat gangsal wekdal, Jum’at
setunggal dumugi Jum’at ngajengipun saget nglebur doso-doso ingkang dilampahi
woten antawisipun dinten-dinten kolowahu.”
عَنْ أَبِي
هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ
تَوَضَّأَ فَأَحْسَنَ الْوُضُوءَ ثُمَّ أَتَى الْجُمُعَةَ فَاسْتَمَعَ وَأَنْصَتَ
غُفِرَ لَهُ مَا بَيْنَ الْجُمُعَةِ إِلَى الْجُمُعَةِ وَزِيَادَةَ ثَلَاثَةِ
أَيَّامٍ رواه أبو داود
Rasulullah
dawuh, “Sopo sing wudlu lan nyempurnaaken wudlune, terus ndugeni Jum’atan,
mirengaken lan ningklengaken dateng khutbah, mongko doso-doso ingkang dilampahi
wonten antawisipun dinten Jum’at lan ditambah tigang dinten sanesipun bakal
dilebur.”
3. Dinten Jum’at
inggih meniko dinten mustajabah (gampang diijabahakene dungo).
Katah
penyebab ingkang saget gampangaken dungo diijabahi deneng Allah swt. Penyebab
kolowahu saget arupi keranten tiyangipun ingkang ndungo, panggenan atawen ugi arupi
wekdalipun naliko maos dongo.
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى
اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ ذَكَرَ يَوْمَ الْجُمُعَةِ فَقَالَ فِيهِ سَاعَةٌ لَا
يُوَافِقُهَا عَبْدٌ مُسْلِمٌ وَهُوَ قَائِمٌ يُصَلِّي يَسْأَلُ اللَّهَ تَعَالَى
شَيْئًا إِلَّا أَعْطَاهُ إِيَّاهُ رواه البخاري ومسلم
Saktemene
Rasulullah nyebut dino Jum’at, mongko Beliau dawuh “Sak jeruni dino Jum’at ono
wektu sing sopo wonge kawulo Muslim nyuwun dateng Allah swt, lan nyocoki wektu
iku, mongko dongane pasti diijabahi.”
Lajeng, wektu mustajabah kolowahu
dateng pundi panggenanipun? Disamarakene wektu mustajabah meniko saget ugi
keranten supados sedoyo wekdal wonten dinten Jum’at angsal perhatian sedoyo
saking tiyang Islam. Ananging wonten kaleh pendapat ingkang njelasaken, bilih
wektu mustajabah ingkang dipun maksud Hadits kolowahu inggih meniko wekdal
antaranipun imam lenggah wonten mimbar ngantos sakmantunipun sholat. Pendapat
ingkang nomer kaleh inggih meniko sakmantunipun sholat Ashar ngantos surupe
srengenge.
Jama’ah sholat
Jum’ah rahimakumullah.
Sebagian keistimewaan lan keutamaan
dinten Jum’at meniko kintenipun cukup kangge mendorong lan memotivasi dateng
kito sedoyo supados paring perhatian ingkang katah dateng dinten Jum’at kanti
ngatah-ngatahaken ibadah dumateng Allah swt.
Bilih
wonten enem dinten kapengker kito langkung katah berurusan kalian masalah dunyo
brono atawin duniawi, mongko wonten dinten mulyo meniko, milai saking surupe
srengenge wonten dinten Kamis ngantos surupe srengenge wonten dinten Jum’at,
kito kedah langkung konsentrasi dateng masalah-masalah ukhrowi.
Artosipun, monggo kito dadosaken
dinten Jum’at meniko dados dinten libur umat Islam saking sedoyo kesibukan duniawi,
kados punopo kaum Yahudi lan Nasrani saget dadosaken hari besar mereka, Sabtu
lan Ahad dados hari libur. Sebab kanti usaha dadosaken dinten Jum’at sebagai
hari libur saking urusan-urusan dunyo, kito bade berkesempatan saget gampil
ngelampahi kesahenan lan keutamaan wonten dinten mulio meniko.
مَنْ اغْتَسَلَ
يَوْمَ الْجُمُعَةِ وَغَسَّلَ وَبَكَّرَ وَابْتَكَرَ وَدَنَا وَاسْتَمَعَ
وَأَنْصَتَ كَانَ لَهُ بِكُلِّ خُطْوَةٍ يَخْطُوهَا أَجْرُ سَنَةٍ صِيَامُهَا
وَقِيَامُهَا رواه الترميذي
“Sopo
wonge mbasuh sirah lan sedoyo awake ono dino Jum’at, terus cepet-cepet
berangkat jum’atan sehinggo parek marang imam lan biso ngrungoake lan
ningklengake khutbah. Mongko saben-saben jangkah anggene berangkat jum’atan
oleh ganjaran amal setahun sing isine poso lan sholat bengi.”
Milo
saking meniko poro sahabat Nabi mboten dahar lan sare sakderenge ngelampahi
sholat Jum’ah, kados ingkang dipun ceritaaken deneng Sahl bin Saad.
عَنْ سَهْلِ بْنِ
سَعْدٍ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ قَالَ مَا كُنَّا نَتَغَذَّى فِي عَهْدِ رَسُولِ
اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَلَا نَقِيلُ إِلَّا بَعْدَ
الْجُمُعَةِ رواه الترميذي
“Wonten
mangsane Rasulullah, kito ora tahu mangan lan turu awan kejobo sakwise
ngelakoni sholat Jum’ah.”
Hal ini menunjukkan bilih poro
sahabat Nabi meniko milai enjang sampun bersiap-siap berangkat dateng masjid.
Milai enjeng, hati poro sahabat kolowahu sampun dikebaki kalian semangat
menyongsong keutamaan sholat Jum’ah. Poro sahabat nembe menyibukkan dateng
urusan duniawi naliko ibadah sholat Jum’ah sampun paripurno. Allah swt. dawuh:
فَإِذَا قُضِيَتِ الصَّلَاةُ
فَانْتَشِرُوا فِي الْأَرْضِ وَابْتَغُوا مِنْ فَضْلِ اللَّهِ وَاذْكُرُوا اللَّهَ
كَثِيرًا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
“Naliko
sholat wis
dilakoni, mongko sumebyaro siro kabeh marang bumi lan goleko anugrah Allah,
serto ngakeh-ngakehono dzikir marang Allah, supoyo siro kabeh dadi wong sing
bejo.” (QS. Al Jumu’ah: 10).
وروي عن بعض السلف
أنه قال: من باع واشترى في يوم الجمعة بعد الصلاة بارك الله له سبعين مرة.
Sebagian ulama salaf dawuh, “Sopo wonge dodol tinuku ono
dino Jum’at sakwise ngelakoni sholat Jum’at, mongko Allah swt bakal paring
barokah pitung puluh kali lipat.”
Jama’ah sholat
Jum’ah ingkang dimuliaken deneng Allah.
Mengenahi keberadaan dinten Jum’at
sebagai hari libur kangge umat Islam, sakleresipun sampun dikuataken deneng fakta
sejarah, bilih dinten meniko sampun lami dados hari libur. Diriwayataken, bilih
tiyang ingkang pertama kali paring jeneng marang dino Jum’at inggih meniko
Ka’ab bin Luayyi, sebab wonten dinten meniko orang-orang Quraisy berkumpul
wonten dalemipun. Wonten riwayat sanes, nami Jum’at nembe muncul sakmantunipun
dumuginipun agami Islam. Sakderenge diparingi nami Jum’at, dinten meniko wonten
kalangan Arab dipun kenal kanti nami Arrubah.
Kanti dadosaken dinten Jum’at
sebagai hari libur saking kegiatan-kegiatan duniawi lan mengisi kanti
kegiatan-kegitan ukhrowi, berarti umat Islam sampun nderek tradisi selalu
berbeda dengan kaum Yahudi lan Nasrani. Kawontenan meniko sesuai kalian punopo
ingkang dipun lampahi deneng Rasulullah ingkang ugi ngajeng-ngajeng wontene
perbedaan formalitas umat Islam kalian kaum Yahudi lan Nasrani. Inggih meniko
naliko nembe rawuh dateng Madinah, beliau lan sedoyo tiyang ingkang beriman
taksih sholat kanti ngadep dateng Baitul Maqdis, ananging naliko beliau ningali
bilih kaum Yahudi ugi ngadep dateng arah ingkang sami, milo Nabi Muhammad
nggadai keinginan arah kiblat umat Islam dipun pindah, akhiripun mandap wahyu,
inggih meniko surat Al Baqoroh ayat 144 ingkang merintahaken umat Islam
berpindah arah kiblat saking Baitil Maqdis dateng Masjidil Haram. Sikap berbeda
ugi dipun ketingalaken deneng kanjeng Nabi kanti nganjuraken dateng umat Islam
supados mboten namung poso tanggal 10 Muharram (Asyuara) kemawon, ananging ugi
poso wonten dinten sakderengipun (Tasu’a), sebab kaum Yahudi ugi namung poso
tanggal 10 Muharram kemawon.
Jama’ah sholat
Jum’ah ingkang dimuliaken deneng Allah.
Mugi-mugi
kemawon, kito sedoyo tergolong dados tiyang ingkang saget memanfaataken
keutamaan lan kemulyaan wonten dinten Jum’at kanti saksae-saenipun. Amin ya
Robbal ‘alamin.
أعوذ بالله من الشيطان الرجيم فَإِذَا
قُضِيَتِ الصَّلَاةُ فَانْتَشِرُوا فِي الْأَرْضِ وَابْتَغُوا مِنْ فَضْلِ اللَّهِ
وَاذْكُرُوا اللَّهَ كَثِيرًا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ، بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني
وإياكم بالأيات والذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم وقل رب
اغفر وارحم وانت خير الراحمين.
0 komentar :
Posting Komentar