بسم الله الرّحمن الرّحيم
BIRRUL
WALIDAIN
السَّلاَمُ
عَلَيْكُمْ
وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
الحَمْدُ لله 2 الَذِى أَمَرَناَ أَنْ لاَ نَعْبُدَ
إِلاَّ إِياَّهُ. وَأَمَرَناَ كُلاًّ مِناَّ بِإِحْسَانِ وَالِدَيْهِ. أَشْهَدُ أَنْ
لاَ اِله إِلاَّ الله وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَه رَحِيْمٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَلِلْخَائِفِيْن
اَمَاناً. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْلُ الله عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه .
القَائِلُ لاَ يَجْزِى وَلَدٌ وَالِدَهُ إِلاَّ يَجِدَهُ مَمْلُوْكاً
فَيَشْتَرِيَهُ لِيُعْتِقَهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد وَعلَى
آلِه وَأَصْحَابِه حَمْلَةُ ْالهُدَى وَاْلبَيَان.
أَمَّا بَعْدُ – فَيَا
عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْن وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
Hadirin
sidang jum’at ingkang minulyo.
Sak mantunipun muji dumateng Alloh soho maos sholawat konjuk dateng
junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW., kulo wasiat dumateng panjenengan
sedoyo, khususipun pribadi kulo piyambak, monggo samiyo nambahi takwa dumateng Allah
SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun
dawuhaken. Lan
kita kedah mangertos bilihkito sedoyo wonten ing alam dunyo puniko dipun
ciptaaken dening Allah SWT mboten sanes inggeh namung ngabekti lan ngabekti
dumateng perintahipun Allah SWT. Artosipun sedoyo gerak lampah kito, tumindak
kito, pangendikan soho pendamelan kito wonten dunyo meniko kedah dipun landasi
minongko bukti ngemawulo lan raos syukur dumateng Allah. Allah SWT sampun
ngendika:
وَماَ خَلَقْتُ الْجِنَّ وَ اْلإِنْسَ إِلاَّ
لِيَعْبُدُوْنِ
Ingkang artosipun: “Aku ora ndadeake bongso jin lan manungso
kejobo supoyo ngemawulo maring Ingsun (Allah SWT”)
Allah ugi ngendiko wonten ing surat
An-Nisa’ 36:
* (#rßç6ôã$#ur ©!$# wur (#qä.Îô³è@ ¾ÏmÎ/ $\«øx© (
Èûøït$Î!ºuqø9$$Î/ur $YZ»|¡ômÎ) ÉÎ/ur 4n1öà)ø9$# 4yJ»tGuø9$#ur ÈûüÅ3»|¡yJø9$#ur Í$pgø:$#ur Ï 4n1öà)ø9$# Í$pgø:$#ur É=ãYàfø9$# É=Ïm$¢Á9$#ur É=/Zyfø9$$Î/ Èûøó$#ur È@Î6¡¡9$# $tBur ôMs3n=tB öNä3ãZ»yJ÷r& 3
¨bÎ) ©!$# w =Ïtä `tB tb%2 Zw$tFøèC #·qãsù ÇÌÏÈ
Artosipun: “ Ngabektiyo siro kabeh marang Allah SWT lan ojo siro
kabeh pisan-pisan nyekutoake Allah marang liyane lan gaweo kabecikan marang
wong tuwo lor, kerabat, anak-anak yatim, wong-wong fakir miskin, tonggo kang
cedak lan adoh, konco akrab, ibnu sabil lan hamba sahayamu. Sak temene Allah
iku ora seneng tumrap wong kang sombong bangga marang awak dewene”. ( Qur’an surat an-Nisa : 36).
Sak mantunipun Allah merintah ngabekti dumateng Allah piyambak,
lajeng dipun susul kaliyan perintah ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih, lan
meniko wajib kito lampahi kanti ikhlas. Kido sedoyo ngibadah ngeparek dumateng
Allah SWT keranten nyukuri dumateng pinten-pinten kenikmatan ingkang katah
sanget cacahipun. Allah meniko Moho Welas Asih dateng hambanipun ingkang taat
utawi hamba ingkang agawe maksiyat dumateng Allah. Sedoyo kemawon dipun paringi
rizky saking Allah SWT.
Lan manawi kito penggalih, raos welas, raos asih ingkang ageng,
ingkang kiro raosaken, sak mantunipun saking Allah, meniko raos welas asihipun
tiyang sepah kekaleh marang putranipun. Pramilo kanthi meniko, bektos dumateng
tiyang sepuh kekalih dumawah persis sak mantunipun bekti dumateng Allah SWT.
Kito saged mangertosi rekasanipun ibu naliko ngandut. Sak sampunipun
maos medal kanti ketar ketir ngadepi toh nyowo. Lajeng sak mantunipun lahir
kanthi ikhlas dahar ingkang asrep soho ingkang sarwo pahit, supados putranipun
tetap sehat wal afiyat. Naliko tiyang sepuh sare, wungu sebab mirengaken
tangisipun bayi lan sak panunggalanipun. Semanten ugi bapak ngupados nafkah
soho biaya ingkang halal ingkang mboten
etangan. Kulit rumiyen kuning lajeng dados cemeng gelengseng, badan rumiyen
ageng kadang kantun balung kaliyan kulit. Sebab ngeraosaken ewotipun pados
nafaqoh. Pramilo meniko kito wajib ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih lan
jagi hak-hakipun . Allah sampun dawuh wonten ing surat Luqman: 14:
$uZø¢¹urur z`»|¡SM}$# Ïm÷yÏ9ºuqÎ/ çm÷Fn=uHxq ¼çmBé& $·Z÷dur 4n?tã 9`÷dur ¼çmè=»|ÁÏùur Îû Èû÷ütB%tæ Èbr& öà6ô©$# Í< y7÷yÏ9ºuqÎ9ur ¥n<Î) çÅÁyJø9$# ÇÊÍÈ
Ingkang artosipun: “ Lan tak perintahake marang menungso kabeh
supoyo agawe becik marang wong tuwo lorone, ibune wis ngandut kanthi lemes lan
tambah-tambah, lan nyapih sak wuse 2 tahun, syukuro marang Aku (Allah) lan
marang wong tuwo loromu, lan namung marang Aku ( Allah) siro bali”. (
Qur’an Surat
Lukman: 14).
Dipun riwayataken sangking Abdullah bin Mas’ud bilih panjenenganipun
nate ngendiko: “ Aku matur marang kanjeng nabi Muhammad SAW.: Amal punopo
ingkang paling dipun remeni dening Allah SWT? Kanjeng Nabi Muhammad jawab:
Nglakoni sholat ono ing wektune. Aku matur: lajeng menopo maleh? Jawabane nabi:
Bekti marang wong tuwo loro. Aku matur: Lajeng menopo? Kanjeng Nabi jawab:
jihad fi sabilillah”.
Wonten hadits ugi dipun sebataken ingkang artosipun kirang langkung:
“Ciloko…ciloko…ciloko wong kang menangi wong tuwone wis tuwo salah sijine utowo karo-karone,
nanging deweke ora iso mlebu surgo.”
Dipun riwayataken ingkang isinipun kirang langkung, bilih wonten
tiyang jaler sowan dateng kanjeng nabi Muhamad SAW lan matur: “ Ya rasulullah,
kulo gadah bondo lan anak, sarto bapak kulo kepingin nelasaken bondo dunyo
kulo”. Lajeng kanjeng Nabi Muhammad SAW nimbali tiyang sepuhipun, tiyang
sepuhipun sampun sepuh sanget lan ngagem tongkat, rasulullah ngendiko dateng
tiyang sepuh kolo wau ngengingi dakwaan saking putronipun. Tiyang sepuh wau
jawab: “ Pun tangleti piyambak ya Rasulullah!! Piyambakipun namung blanjaaken
kangge salah satunggalanipun dulur wadone bapakne utawi dulur wadon ibune”.
Kanjeng Nabi ngendiko: “ Ojo nyeritaake bab kuwi marang aku lan aku kabarno opo
kang ucapake atimu? Tiyang sepuh wau jawab: “ Allah tansah nambahi pengertian
lan keyakinan dumateng kulo, nopo niku leres Ya Rasulullah?” rasulullah dawuh:
“ Ceritakno..!!. lajeng tiyang sepuh wau cerito:” Siro tak wenehi pangan naliko
siro cilik lan tak upokoro. Siro diwenehi
omben-omben kanthi katresnan. Naliko siro loro, wektu bengi aku ora iso
turu lan ngeroso gersah, aku samar lan kuwatir siro mati. Aku ngerti yen mati
iku kepastian saking Allah SW, koyo-koyo aku kang keno dudu siro. Mataku dlewer
kebak luh. Naliko siro dewoso lan tumeko marang puncak kang dadi
pengarep-arepku, sito wales kanthi kekerasan lan bengis., koyo-koyo siro kang
aweh kenikmatan yen siro ora anggateake hakku, mongko bapak siro kudu nglakoni
koyo kang dilakoni tonggo.”
Lajeng Rasulullah matur lan
ngendiko: “ Ora ono watu lan lemah kang ngerungu ucapane wong iki kejobo lemah
lan watu mau nangis. “ Lajeng Rasulullah nyepeng rasukanipun anakipun tiyang
sepuh wau lan ngendiko: “ Siro lan kabeh bondomu iku duweke bapakmu.” ( HR.
Ibnu Majah, Ath-Thobroni, lan al-Bazzar).
Ahli jum’at Ingkang Tinuhu kinebekten
Manawi tiyang sepu sedo, caranipun bekti tansah nyuwunaken
pangapunten wonten ngarsanipun Allah. Manawi tiyang sepuhipun Islam,
nglangsungaken wasiatipun lan nyambung kekeluargaan ingkang mboten waged dipun
sambung kajawi kanthi tiyang sepuhipun, ugi ngurmati rencangipun tiyang sepah
kekalih. Allah sampun ngendiko wonten ing surat
at-Taubah ayat 113:
$tB c%x. ÄcÓÉ<¨Z=Ï9 úïÏ%©!$#ur (#þqãZtB#uä br& (#rãÏÿøótGó¡o tûüÅ2Îô³ßJù=Ï9 öqs9ur (#þqçR%2 Í<'ré& 2n1öè% .`ÏB Ï÷èt/ $tB ú¨üt7s? öNçlm; öNåk¨Xr& Ü=»ysô¹r& ÉOÅspgø:$# ÇÊÊÌÈ
Artosipun: “ Ora keno kanggone Nabi lan wong-wong
kang podho iman njaluake pengapuro marang Allah kanggo wong-wong musyrik
senajan wong musyrik iku mau kerabat, sak wise jelas tumrap deweke yen
wong-wong musyrik mahu penghuni neroko jahannam”. Al-Qur’an Surat at-Taubah 113).
Minongko akhir khutbah, monggo kito tansah enget bilih ridhonipun
Allah meniko tergantung ridhonipun tiyang sepah kekalih, semanten ugi
bendunipun Allah wonten bendunipun tiyang sepah kekalih.
اَعُوْذُ باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ
بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ. وَقَضى رَبُّكَ أَنْ لاَ تَعْبُدُوْا إِلاَّ
إِياَّهُ وَباِلْوَالِدَيْنِ إِحْساَناً إِماَّ يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ اْلكِبَرَ أَحَدَهُمَا
أَوْ كِلاَهُمَا أُفٍّ وَلاَ تَنْهَرْهُماَ وَقُلْ لهَمُاَ قَوْلاً كَرِيْماً.
باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ
- وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ
- وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم
– أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ
اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ
إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.
0 komentar :
Posting Komentar